Rabu, 07 April 2021

IKLAN

 

·      Definisi, tujuan, Struktur, kaidah dan Basa  iklan

Iklan iku sawijining pesen babagan barang/ jasa (produk) kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar medhia (cithak, audio, elektronik) utawa papan panggonan umum kang katujokake marang bebrayan agung. Ancase pawiwara iku supaya masyarakat kasengsem gelem tuku, utawa nggunakake barang utawa jasa kasebut.

·         Unsur iklan ing antarane kayata :

a.    Jeneng barang/jasa kang ditawakake

b.    Alamat produsen

c.    Kahanan barang/jasa kang ditawakake, lsp

 

·      Cara panggawene iklan

Menawa gawe iklan iku kudu  :

1.      Tampilan iklan (layout) kang prasaja/sederhana. Tampilan kang prasaja yaiku fokus, imbang/simetris, ukuran, wujud, garis, tipografi kang narik kawigaten

2.      Desain werna

Pamilihaning werna kang pas ndadekake pariwara/iklan iku nyenengake. Carane :

·         Olahen werna dadi werna kang bisa narik kawigaten

·         Gawenen werna kang kontras

3.      Headline lan isi utawa desain

Gampang anggone maca iklan dadi babagan kang penting. Babagan visual bisa digawe mengkone.

4.      Gaya tulisan

·         Italic utawa miring    : menehi kesan aksi, cepet, progresif

·         Aksara kapital           : konservatif, menehi kesan formal

·         Huruf Kecil               : menehi kesan kang ramah lan asor

·         Aja ngunakake aksara kapital ing isi utama utawa nggunakake font berukir

·         Bayangan menehi kesan 3D ing tulisan

·         Tulisan script menehi kesan feminim

·         Aksara kandel menehi kesan maskulin

·         Gunakna tipe huruf font kang jumbuh kanggo pariawara. Aja nggunakake maneka warna tipe huruf font. Diwatesi udakara 3 utawa 4 tipe huruf.

 

Pariwara Radhio

·      Cara nggawe pariwara radhio

Iklan ing radhio duwe cakrik :

Theather of the mind, tegese pariwara kang dirungokake kudu ngemot pesen kang ndadekake pamiyarsane duwe angen-angen (imajination) tumrap pariwara kang dirungokake

 

·      Pribadi, tegese pariwara radhio pesene kaya-kaya ngomong marang pamiyarsane.

Pariwara radhio iku lumrahe mung diwartake satleraman . Mula saka iku panulise teks pariwara becike :

·         Nulis kanggo micara, ora diwaca utawa disawang. Tembung kang digunakake yaiku tembung lan ukara kang gampang ditampa. Amarga kaang dituju iku pangrungone dudu panyawange

·         Nuis minangka wujud komunikasi langsung. Mula kudu ner/ fokus marang pamiyarsa ora menyang liyane

·         Nulis kanthi kreatif saka individu siji marang liyane. Mula kudu nuwuhake kekraban komunikasi personal.

Carane :

ü  nyingkiri nulis sesorah

ü  swara tulisan kudu mujudake swasana informal

ü  naskahe kudu nyipta swasana akrab

ü  naskahe kudu komunikatif . Satema , saukara cekak lan aose.

ü  Nulis kanthi ancas langsung dipahami. Mula aja kedawan ukarane

ü  Tembunge ngemu kasunyatan lan aja nggunakake tembung-tembung padha pangucape.

Pariwara radhio iku nggunakake swara manungsa, mimik, junggle, efek, swara.

IKLAN

  ·       Definisi, tujuan, Struktur, kaidah dan Basa   iklan Iklan iku sawijining pesen babagan barang/ jasa (produk) kang digawe dening ...