Minggu, 26 Juli 2020

Wacana Deskripsi


Wacana Deskripsi
Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane penulis kanggo menehi pepincren-pepprincen saka sawijining objek (panggonan, manungsa, utawa barang. Sajrone deskripsi penulis mindhahake kesan-kesane, mindhahake asile pengamatan lan rasa pangrasane marang pamaca. Tulisane njlentrehake sipat lan sakabehe peprincen wujud kang bisa ditemokake saka objek kasebut. Ancas kang pingin diwujudi dening panulis deskripsi yaiku ngripta daya kayal pamaca, kaya-kaya pamaca bisa nyawang objek kuwi mau kanthi wutuh lan cetha.
Saliyane kuwi, karangan deskripsi yaiku sawijining karangan kang tujuwane kanggo nggambarake objek kang sanyatane. Karangan deskripsi objektif yaiku salah sawijine jenis karangan kang anggone nggambarake objek mau ora dikantheni karo opini saka penulis. Dene karangan deskriptif subjektif kosok baline, yaiku anggone nggambarake objek iku kang dikantheni karo opini saka penulis.
Topik-topik kang bisa dikembangke dadi tulisan deskripsi, yaiku:
1.      Kahanan ruang: ruang sinau gerbong sepur klas ekonomi, pos rondha ing desa, lan sapiturute.
2.      Kahanan barang: maneka warna kembang ing Taman Balekambang, prau-prau ing Pelabuhan Tanjung Emas, wujud wewangunan lan adat Jawa, piranti praktek ing laboratorium, alat transportasi lan sapiturute.
3.      Proses: proses nggawe klambi kebaya, budhal menyang sekolah, reresik lingkungan sekolah, ngopeni lan ngrembakake tanduran, njaga kelestarian sumber daya alam.
Tuladha karangan deskripsi

Busana  Kejawen (Jawi Jangkep) lan Larah Larahipun
Busana Kejawen (Jangkep) ing Surakarta. Ngrembag bab busana kejawen ing Surakarta punika boten saged oncat saking budaya jawi. Sabab busana kejawen makaten kalebet "Pangipun Budaya Jawi". Dene budaya jawi ing ngriki, tegesipun budaya jawi ingkang sumberipun saking Keraton Surakarta Hadiningrat inggih punika busana kejawen ingkang dumugi sapriki adhakan sami dipun wuningani. Cethanipun manawi wonten tiyang gadhah damel mantu umpamanipun, dipun temaha itawi mboten dipun temaha, ngertos utawi mboten ngertos nyatanipun sa'emper kaliyan busana tatanan ing Keraton Surakatra Hadiningrat.
 Menggah busana tatanan Keraton Surakarta Hadiningrat punika sakawit ing jaman Juneneng Dalem Ingkang Sinoehoen Kanjeng Soesoehoenan Paku Buwana Kaping III rikala hamarengaken Pangeran Mangkubumi (Bapa Paman piyambak ISKS PB III) utawi rayi Dalem Ingkang Sinoehoen Kanjeng Seosoehoenan Pakoe Buwono Kaping II; kagem hangrenggani Keraton Ngayojakarta (Perjanjian Giyanti warsa 1755) Busana lami ingkang kalebet tetilaran saking Majapahit lan Demak Bintara Kanjeng Pangeran Mangkubumi (HB I) kagem ing Ngayojakarta kados ingkang sami dipun uningani ngantos dumugi, salajengipun lumampahipun pamarintah wonten ewah-ewahan sawetawis ing jaman ISKS PB IX kalajengaken ewah-ewahan malih ing jaman ISKS PB X tuwin PB XI.
Dene ingkang badhe kaandharaken ing ngandhap punika busana jawi ing jaman Ingkang Sinoehoen Paku Boewono Kaping XII sawargi ngantos punika. Busana kejawen ing Surakarta sakpunika, kados wonten ing Keraton Surakarta tumrap kakung wonten kalih inggih punika: Busana Jawi Jangkep (Ageman warni Cemeng) Busana Jawi Jangkep Padintenan (Saugeran boten Cemeng) Busana Jawi saking Nginggil mangandhap antawisipun : Udheng (Blangkon, dhestar) Kulambi (Rasukan krowok wingking) Setagen (paningset) Sabuk (paningset) Epek - Timang - Lerep Sinjang (nyamping) Keris ( Dhuwung, Wangkingan) Cenela utawi selop (namung kagem sanjawining Keraton).

Bathik
Bathik yaiku kain ginambar saka piranti kang jenenge malam ditulisake utawa dicorekake. Pangolahing Bathik ginawe kanthi cara kang khas lan nggunakake trap-trapan tinamtu. Mula saka iku, ora mokal Bathik minangka sawijining asil karya luhur bangsa Indonesia kang dilakoni dening dunia lumantar UNESCO kawitan 2 oktober 2009.
Saliyane duwe kekhasan panggawene, maneka jinis corake iku uga dadi perangan kang narik kawigaten. Jijising corak Bathik ing antarane kayata: Bathik kraton, sida mukti,kawung lan sapiturute.Bathik kraton mula bukane ginawe dening para pemBathik kang dumunung ing sajroning kraton. Motif utawa corake kayata parang barong, parang rusak, lan udan liris.
Bathik sida mukti yaiku motif corak Bathik kang lumrahe ginawa saka zat pewarna soga alam. Bathik iki wis lumrah digunakake ing upacara mantu. Unsur motif kang ginambar yaiku gurda. Tembung “sida” iku ateges dadi utawa kelakon. Kanthi mangkono, corakBathik kang kawitan tembung “sida” duwe karep supaya apa kang ginayuh bisa kawujudan. Mula sida mukti duwe makna filosofis ngandhut  pengarep-arep supaya bisa kasembadan mukti lair lan batine.
Bathik kawung iku duwe corak bunder saemper kaya woh kawung (saemper klapa utawa woh kolang-kaling). Kalamangsa corak iki uga dianggep minangka gambaran reroncening kembang trate kang mekrok. Kembang trate tumrape wong Jawa duwe makna nglambangake umur dawa lan kasucen. Corak Bathik kawung uga kaperang saka wujud gedhe lan cilike. Kawung picis iku corak kawung kang ginambar saemper bunderan cilik-cilik. Ing jaman biyen picis iku duwit pangaji sepuluh senyang wujude cilik. Kawung bribil corake saemper kawung picis, nanging bunderan kang kasusun luwih gedhe saka corak picis. Bab iki dumadi amarga adhedhasar saka jeneng bribil kang ateges duwit kang wujude luwih gedhe lan pangajine setengan sen.

Senin, 20 Juli 2020

GEGURITAN


  GEGURITAN

Puisi Jawa  sing biasa diarani geguritan kaperang dadi loro yaiku :
1.    Puisi Jawa Tradisional, sing umume arupa tembang.
Puisi iki ditembangake miturut lagu-lagu khusus, nganggo piranti gamelan utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora bisa dipisahake kalawan tembang.
Puisi tradhisional kang awujud tembang jawa akeh banget jinisi lan kaperang dadi telung perangan gedhe :
a)       Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)
Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil, Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.
b)  Puisi tembang tengahan (tembang dhagelan)
Sing kalebu ana tembang tengahan yaiku : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
c)  Puisi tembang gedhe (kawi)
Sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa

2.  Puisi Jawa Modern diarani geguritan.
Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi jawa sing isih anyar  (antarane tahun 1926) jinising puisi iki durung bisa katampa bebrayan ana ing masyarakat, rikala semono. Luwih-luwih golongan kasepuhan. Mula saka kuwi geguritan iki nalika semana ora dilebokake ana sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah.
Geguritan kaping pisanan ana ing kalawarti lan ariwarti Kejawen (pisanan thukul tahun 1926 ing Jakarta), Panjebar Semangat (thukul pisanan September 1933 ing  Surabaya), Jaya Baya (September 1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing Jakarta, lan wiwit tahun 1943 nduweni lembaran khusus basa Jawa),Api Merdeka (1945 ing Yogyakarta) lan sapanunggalane.
Paraperintis geguritan iki padha berjuang amrih geguritan iki diakoni lan bisa mlebu ana pasinaonan kasusastran Jawa. Asile, Subagiyo Ilham Notodijoyo nyoba ngumpulake geguritan sing sumebar ana kalawarti lan ariwarti dadi buku kang judhule  Rerumpakan (nyanyian). Ananging, naskah iki ana sajroning revolusi ilang. Semana uga kumpulan geguritane dhewe kang mawa irah-irahan Geguritanuga ilang.
Para perintis geguritan liyane, yaiku :R. Intoyo, Nirmala, Niniek I. N, Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto Ampel, Purwadhi, lsp.
Saliyane geguritan ana puisi jawa liyane kang arupa parikan lan singir. Parikan  kuwi puisi jawa kang memper lan duwe ciri-ciri kaya pantun. Dene singir utawa syair (bahasa Indonesia) ya nduweni ciri-ciri padha karo syair ana sajroning kasusastraan Indonesia.
Mula bukane ananing geguritan iki dianggo nyindir / nyemoni kahanan urip bebrayan ana sajroning masyarakat. Saliya  kuwi uga ndhuweni unsur ndidik / mulang wuruk bab-bab tertemtu. Ananging suwene-suwe geguritan iki nduweni teges puisi bebas. Bebas saka iketaning tembang lan bebas nyritakake apa wae.


B. Unsur-Unsur Batin Geguritan

Unsur-unsur kang kinandhut ana sajroning geguritan diarani  unsur batin. Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu  unsur batin  geguritan.
·         Tema, tegese punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair.
Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.
·         Rasa-Pangrasa
Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.
·         Nada/lagu
Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
·         Suasana
Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.
·         Amanat kang dumunung ana geguritan
Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting tembung-tembung.










IKLAN

  ·       Definisi, tujuan, Struktur, kaidah dan Basa   iklan Iklan iku sawijining pesen babagan barang/ jasa (produk) kang digawe dening ...