Senin, 26 Oktober 2020

BUDAYA WEWALER

 

Wewaler

 

Wewaler menika salah satunggaling kabudayan jawi ingkang awujud pitutur luhur. Pitutur menika boten namung awujud ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging saged awujud menapa kemawon. Wonten ing gugon tuhon kathah ingkang awujud pitutur para tiyang sepuh dhumateng putranipun. Wonten ing gugon tuhon yaiku kapercayan wong jawa marang sawenehing bab utawa prakara kang ora tinemunalar.

Tumrape wong jawa kang percaya utawa ngandel tansah duwe rasa was sumelang menawa ora bisa nyranani utawa nyembadani prakara kang dianggep mbebayani iku. Kathah ingkang nggadhahi pamanggih ingkang beda babagan gugon tuhon, amargi gugon tuhon kemawon wujudipun warni-warni.

 

Tuladha :

1.                  Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut gawe lan ora soko ngrusak liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha soko colongan (Harta benda yang bersih itu dihasilkan dari keringat sendiri dan tidak menyakiti orang lain. Sedangkan yang tidak bersih itu adalah hasil dari mencuri/kosupsi)

2.                  Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya ora mikirake kiwa tengene, uga ira mikirake kahanan bathin (Keduniaan yang tidak bersih itu dihasilkan dari nafsu yang mengesampingkan nurani bathin dan tidak memikirkan orang lain)

3.                  Golek bandha iku sakmadya bae, udinen katentreman njaba njero (Mencari harta itu yang sedang-sedang saja, yang diperlukan adalah kebahagiaan. Harta banyak disertai nafsu malah kadang tidak membahagiakan)

4.                  Bandha iku bisa gawe mulya uga bisa gawe cilaka. Gawe mulya lamun barang kang becik, gawe cilaka lamun barang saka panggawe ala (Harta benda bisa membahagiakan dan menyengsarakan. Membahagiakan bila dihasilkan dengan yang sebenarnya (olah karsa) dan menyengsarakan bila dihasilkan dari perbuatan yang kurangbaik)

5.                  Bandha iku anane mung aneng donya, mula yen mati ora digawa (Ingatlah...bahwa harta benda itu cuma ada di dunia ini, bila meninggal tidak akan anda bawa)

 

Conto wewaler

1. Aja mangan karo ngadeng, mbokan wetenge dawa.

Artine:
    Nalare mangan karo ngadeg iku saru, becike mangan karo lungguh sing apik lan sopan.
2. Aja ngidoni sumur, mengko suwing lambene.
Artine:
    Menawa sumur kena idu, banyu sak jrone sumur bakale reged kabeh lan ora sehat, apa maneh yen duwe lelara nular
3. Ora ilok ngewehi banjur njaluk bali, mengko gulune godhoken.
Artine:
    Nalika ngewehi apa bae kudu iklas, ora kena dijaluk maneh.

Senin, 12 Oktober 2020

SERAT THRIPAMA PUPUH DHANDHANGGULA

1.      Pangertene tembang dhandhanggula

Dhandanggula saka  tembung dhandhang sayektine jenising kewan manuk kang saben menclok nyuwara nggaok gaok, umume diarani manuk gagak. Saka tembung kuwi ndhandhang ateges cewer utawa seneng omong ing ngendi paran. Gula ateges samubarang kang legi. Adhedhasar saka pangerten kasebut, dhandhanggula ngemu surasa pitutur kang becik. Mula tembang dhandhanggula pantese kanggo aweh pitutur bab kabecikan. Tuladhane serat Tripama kang ngandharake Dhandhanggula.

 

2.      Pathokan tembang Dhandhanggula

Dhandhangula

Guru wilangan

Guru lagu

Guru gatra

10

I

10

10

A

8

E

7

U

9

I

7

A

6

U

8

A

12

I

7

A

 

3.      Watak tembang Dhandhanggula

Watake tembang Dhandhanggula iku luwes, seneng lan gumbira. Trep kanggo ngambarake maneka warna swasana

 

4.      Wos kang kamot ing tembang Dhandhanggula (Tripama)

·         Serat Tripama ngandharake babagan patuladhan, tokoh kepahlawan saka crita Ramayana ing perangan lakon “Sumantri ngeger”,”Kumbakarna Gugur”, lan crita Mahabharata lakon “Adipati Karna gugur”.

·         Serat Tripama ngajarake wong kang ngabdi kudu duwe syarat sarana guna, kaya, lan purun. Dadi abdi iku kudu pinter, bisa gawe sugih negarane, lan nurut marang Negara sarta rajane. Iku ginambarake dening tokoh patih Suwanda kang bekti lan setya marang negarane. Kayadene tokoh Sumantri kang ngenger marang prabu Arjuna Sasrabahu setya lan miturut kabeh dhawuh pangandikaning gustine.

·         Serat Tripama uga ngajarake supaya dadi warga Negara kudu duwe sikep Nasionalisme kang wani ngetohke jiwa lan ragane kanggo mbelani negarane. Sikep iki kayadene Kumbakarna kang mbelani Negara Ngalengka saka pangamuke wadyabala Ramawijaya. Iki minangka wujud sikep nasionalisme.

·         Patuladhan sabacute ing Serat Tripama, yaiku tokoh Adipati Karna. Tokoh iki minangka dadi sawijining punjer crita Mahabharata ing perang Bharatayuda. Sanajan wis ngerti yen dheweke iku sedulur tuwane para Pandhawa, nanging nalika perang Bharatayuda ora mbelani sedulure nanging mbelani Negara Ngastina kang wis nggedhekake lan kang disuwitani.

 

Pakaryan 3

Ing ngisor iki bakal kababar tembang Dhandhanggula. Coba salah siji siswa macakake kanthi seru tembang iki, sokur bage anggone macakake kanthi tetembangan, dene kanca liyane nyemak.

Tuladha tembang Dhandhanggula

2

5

6

6

6

1

2

2

2

2

 

 

Yog-

ya-

ni-

ra

Kang

Pa-

ra

Pra-

ju-

rit

 

 

2

2

1

1

1

1

1 6

2

1

6

 

 

La-

mun

bi-

sa

si-

ra

a-

nu-

la-

da

 

 

5

6

6

6

6

6

6  5

5

 

 

 

 

Duk-

Ing

ngu-

ni

Ca-

ri-

ta-

ne

 

 

 

 

5

6

6

6

6

1

6

 

 

 

 

 

An-

de-

li-

ra

Sang

Pra-

bu

 

 

 

 

 

5

5

2

2

2

2

2

2

1  6

 

 

 

Sa-

sra-

ba-

u

Ing

Ma-

es-

pa-

  ti

 

 

 

 

1      2          2          2          2          2          2

A-   ran       Pa-       tih        Su-       wan-    da

 

1      1          6          6          1  6      5

                   

Le-  la-        bu-       ha-       ni-        pun

1      2          2          2          2          2          2          2

Kang  gi-     ne-       lung     tri         pra-      ka-       ra

 

 

2      2          1  6      6          6          6          6          6          6          1          2          2

 

Gu-  na        ka-       ya        pu-       ru-        ne        kang    den      an-       te-        pi

 

 

5      6          1          6          2          1          6  1

 

Nu- ho-       ni         trah      u-         ta-        ma

 


IKLAN

  ·       Definisi, tujuan, Struktur, kaidah dan Basa   iklan Iklan iku sawijining pesen babagan barang/ jasa (produk) kang digawe dening ...