Rabu, 26 Agustus 2020

TEKS SESORAH

 

Sesorah / Pidhato

Gusti kang Maha Kuwasa maringi kita akal  budi lan lesan minangka alat ucap satemah mujudake manungsa minangka titah kang sampurna. Awit saka iku, awake dhewe kudu sokur marang Gusti kang Murbeng Dumadi lan nampah kabeh paringane kanthi suka lan narima. Dene wujude rasa panarima marang sakabehing paring Gusti kang Murbeng Dumadi, awake dhewe kudu bisa nindakake laku becik ing pasrawungan, migunakake lesan kanthi becik, lan bisa ngecakake basa kanthi unggah-ungguh kang trep.

Sesorah utawa pidhato iku ancase ngandharake gagasan kanthi lesan ing sangarepe wong akeh, kanthi ancas utawa tujuan tinamtu. Ancase pidhato iku werna-werna, kayata menehi panglipur, menehi kawruh, apa dene ajak-ajak. Mula, kanthi nyinau sesorah, kita bisa sinau babagan ngandharake panemu utawa gagasan ing sangarepe wong akaeh kanthi maneka warna tujuan, kita uga bisa sinau kawruh tembung, unggah-ungguh, lan nggladhi rasa percaya dhiri.   

Carane sesorah iku ana patang werna yaiku :

Ø Kanthi maca sakwutuhe

Yaiku kanthi maca apa anane sesorah kang tinulis, cara iki lumrahe ditindakake dening punggawa Negara. Kejaba isine kudu bias disengganan, layange prelu disimpen (diarsipkan). Cara iku kudu uga sook ditindakake wong kang nyulihi wong liya. Marga kepalang pakaryan kang ora bias ditingggal, wong kajibah banjur nimbali wong liya. Ewa semana, underaning gagasan dititipake lumantar sesorah kang tinulis.Wong kajibah nyulihi mung saderma macakake sesorah iku.Mula yen ana apa-apane, kang kenea ing sesanggane 9tanggung jawab) iku sing nulis.

Ø Kanthi maca apalan

Yaiku nglantarake sesorah kanthi ngapalake laying sesorah kang tinulis.

Sesorah iki lumrahe katindhakake dening pawongan kang durung kulina, luwih-luwih kang isih gladhen. Awit isining laying sesorah ora kena ecer, mula wong sing nglantarake kudu bias ngenerake pikirane marang isining sesorah lan ora kena lalen

Ø Kanthi pandom lajer

Yaiku nglantarake sesorah kanthi pandom lajering kang prelu diwedharake. Lajering gagasan cukup ditulis jroning sacuwilan kertas kaya dene “kretu nama”. Cara iki adate katindhakake dening wong kang wis kulina lan jembar kawruhe.

Ø Kanthi cara dadakan

Adate sesorah iki katindhakake wong kang kasraya kanthi dadakan ing sawijining acara. Amrih cetha tumrape wong kang ngrungokake, yen nglantarake sesorah kudu ggatekake pocapan (lafal), lagune, sora-alone,lan pamedhote ukarane.

 

A.    Nganalisis Teks Sesorah

1.      Maca Batin

Pepeling.

Sesorah utawa pidhato iku sawijining kaprigelan micara.

Sesorah yaiku ngomong ana ing sangarepe wong akeh. Gamblange wedharing pangandikan nduweni tujuan kang gumathok. Sing diarani wong akeh iku ora ana watese. Udakara luwih saka wong sepuluh. Tujuan/ancase pidhato/sesorah yaiku :

1.      Kanggo maringi pangertosan/informasi marang wong liya sing ngrungokake pidhato/sesorah

2.      Kanggo maringi panglipur/hiburan marang wong liya sing ngrungokake sesorah

 

Tuladha Sesorah

Assalammu’alaikum Wr. Wb. 

Para bapak, para ibu guru ingkang dahat kinurmatan lan rencang-rencang ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngujukaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah, saengga kita saged makempal ing mriki. Ing dinten punika kawula badhe ngaturaken sesorah babagan “Njagi Lingkungan Sekolah”.

Rencang-rencang, mengertosa menawi lingkungan punika papan gesang kagem sedaya titah gesang. Mila saking punika, kita kedhah njagi lestari lingkungan kita supados kita saged gesang kanthi tentrem. Salah satunggalipun cara njagi lestari lingkungan inggih punika karesikan, njagi karesikan lingkungan saged diwiwiti saking perkawis-perkawis ingkang alit.Ananging katinggal awrat sanget dipun lampahi. Umpaminipun mbucal runtah ing panggenanipun. Sak punika kesadaran kagem njagi karesikan ing lingkungan kita minangka murid taksih kirang sanget. Kados dene bibar piwucalan PRAKTEK/Produktif siswa kedah njagi karesikan, alat-alat praktek dipuntata kados saderenge tuladhanipun lare praktek jurusan Teknik Sepeda Motor, piwucalanipun ngagem wearpack supados seragam kangge praktek lan pelajaran saged dipunbentenaken kersanipun siswa-siswi tetep paling boten njagi karesikan saking seragamipun amargi praktek punika sejatosipun kathah sanget alat-alat ingkang damel seragam siswa punika saged dados reget saengga siswa kraos boten kepenak anggone nglajengaken piwucalan sanesipun. Siswa-siswi ingkang praktek punika kedah disiplin saengga pendidikan karakter siswa-siswi ingkang dipunpikajengaken. wonten ing piwucalan praktek punika siswa-siswa saged njagi kedhisiplinan saha karesikan lingkungan mliginipun dipunwiwiti saking pribadhinipun piyambak-piyambak. Siswa-siswi kedah manut kaliyan aturan-aturan ingkang sampun mlampah wonten ing sekolahan punika amargi menawi lingkunganipun resik siswa- siswi anggenipun praktek ugi saged mlampah kanthi sae. Kanthi njagi karesikan lingkungan punika siswa-siswi saged tinebihaken saking penyakit-penyakit.

Mekaten sesorah ingkang saged kawula haturaken. Nyuwun pangapunten menawi wonten klenta-klentu nipun atur kawula. Saking kawigatosanipun kawula ngaturaken matur sembah nuwun. 

Wassalammu’alaikum Wr. Wb. 

Senin, 03 Agustus 2020

wacana deskrisi pakaian adat jawa

Tugas 3 Teks Novel

Pethikan Novel

A.      Teks Novel

 

SAMPUN KRAOS

 

Murih gancanging cariyos, kados boten perlu kacariyos-aken kadadosanipun rembag ing ngajeng wau. Sadaya asmpun kalampahan kanthi wilujeng.

Let sawulan saking dhatengipun Nyonyah Hien, keleres dinten Ngahad, wanci jam 5 sonten, Radèn Bèi Asistèn We-dana sakaliyan tuwin putranipun sami lenggahan ing gadri wingking sinambi ngunjuk wédang kados adat saben.

Pasemonipun sami ketingal padhang, mratandhani yèn boten wonten rubédaning penggalih. Ginemipun kepyek, sambet-sinambet, boten wonten pedhotipun, sakedhap-sake-dhap dipunlawuhi gujeng. Rambat-rumambating ginem da-ngu-dangu tumuju Rapingun.

“Rapingun kepriyé Bu, apa krasan?”

“Anu ki Pak, wiwit teka let rong dina nganti sepréné ki tak-sawang pasemoné tansah katon padhang lan bungah”.

“Ya sukur nèk ngono. Nanging kowé ya kudu ngati-ati, arahen aja nganti kemba atiné.”

“Pancèn iya ngono Pak. Awit semuné bocah kuwi béda karo liya-liyané.”

“Lho, ora Bu! Dhuwité sing dititipaké kowé karobelah kaé apa wis kotitipaké Tien, cikbèn dilebokaké bang sisan.”

“Durung Pak, hla wong pijer lali-lali baé. Ning isih wutuh.”

“Ngono kaé, ya gawok-gawok, wong dhuwit iku bunder, nèk ngglindhing sok angèl tutut-tututané!”

“Ngarah aku mentala ngapusi Rapingun?”

“Ora ngono Bu, karepku, mung nèk nganti kesrèmpèt, lé nglironi kuwi.”

“Ora ta wis. Bésuk yèn Bank Stral mréné, taksetorné dhéwé. Bukuné rak nèng ngomah ta Tien?”

“Lho, rak Ibu ta ingkang ngasta!”

“O, iya! Dhèk anu kaé daksimpen ana brankas.”

“Dhèk blanjan wingi kowènèhi pira, Bu?”

“Takwènèhi Rp. 22,50. Sing dijaluk mung Rp. 2,50, sing Rp. 20,–  dititipaké.”

“Ya bener yèn kowènèhi luwih saka mesthiné. Awit dhèk takkon mèlu konperènsi menyang Kawedanan kaé takwènèhi jajan Rp 1,– ora gelem nampani.”

“Dhèk panjenengan konperènsi kaé konduré mung nganti jam setengah telu; lah bareng dhèk aku sowan Bakyu Mantri Gudhang Magelang kaé, mangkat jam 8 ésuk baliné nganti jam 7 soré. Ana Magelang takwènèhi dhuwit Rp. 1,– iya ora gelem nampani, dumèh wis diparingi mangan Mbakyu Mantri.’

“Bab diparingi mangan kuwi wis lumrah. Nanging dhuwit jajan kuwi iya kudu. Malah dhuwité jajan iku tumrap sopir liya-liyané kaé, kalané arep mlebu, dirembug dhisik. Blanjané se-méné, yèn lelungan setengah dina lumrahé Rp. 0,50,–, sedi-na Rp. 1,–, yèn nginep 1,50,–. Kuwi lumrahé mrana-mrana. Kaya sopiré dhéwé dhèk anu kaé rak ngono ta. Mung beciké ora gelem nganyang.”

“Hla kok saé temen inggih Bu, yèn dipuntimbang kaliyan sopir sanès-sanèsipun.”

“O, yèn ditimbang karo sopir liya-liyané, wis ora mu-tine-mu. Sing akèh-akèh, sopir kuwi yèn dudu pagawéan baba-gan motor ora nindakaké. Séjé karo Rapingun. Nèng ngomah taksawang-sawang ora lèrèn-lèrèn, samubarang ditandangi, kaya ta: nanduri tamanan, nata-nata kursi, gambar diresiki, ditata manèh. Mangka kabèh tatanan sarwa ngresepaké.”

“Inggih kok Bu. Rumaos kula, angger kula mantuk kok wonten kémawon ingkang wewah ngresepaken menika!”

“Sing takgumuni manèh kuwi: ya Tien! Dalah kantoré Ba-pakmu kuwi saben ésuk wis ditata, diresiki buku-buku kabèh tumata!”

“Iya, aku ya gumun kok! Sajegé duwé batur, sanadyan bisa tata-tata, nanging durung tau ana sing bisa lan wani nata kantorku.”

“Kok meksa taksih imbet malih!”

Ibunipun nyelani: “Cekaké Tien, barang-barang kabèh da-di anyar. Kaca pangilon, kaca jendhéla, paidon, kinangan, di-yan pompan sing mauné urubé byar-pet, saiki wah bregasé banget. Kaé méja sing sisih kulon, biyèn plituré rak ireng, wong tukon lawas, saiki wis padha karo liyané. Kabèh mau ya dhèwèké sing nindakaké.”

“Ibu ingkang dhawuh?”

“Aku mangsa wania akon. Kejaba yèn otone katon reged, kuwi aku wani akon ngresiki. Dhèk durung ngerti karepé, aku rada kagèt, sabab satekaku saka Temanggung, dhèwèké ngaturaké dhuwit 7 sèn, jaré dhuwit turahan. Sabab nalika ana Temanggung, dhèwèké njaluk dhuwit Rp. 2,–. Saka pa-ngiraku, kanggo butuhé dhéwé. Nanging bareng tekan ngo-mah, jebul tanjané dhuwit mau kanggo tuku pérang-pérang-aning diyan pompan, cèt, plitur, nganti kabèh mau kaya ana-né saiki.”

“Kula inggih gumun kok Bu. Ing atasé sopir kok gelem ngrangkep tukang kebon lan jongos!”

“Pancèn iya Tien! Kreta sing wis patang taun mèlu awaké dhéwé, bab apa-apané kalah, mangka pancèné pagawéané Kreta. Dhèk ingkang Wedana kumpulan ana kéné kaé, sing takdhawuhi tata dhahar Kreta; Rapingun sludhuk ngréwangi. Kreta malah mung mlongo baé, kabèh Rapingun sing ngram-pungaké. Kala semana aku mung nyemak saka buri baé. Bareng wis rampung, takcedhaki, taktakoni, apa dhèwèké bisa ngladèni dhahar. Wangsulané: saged. Jaré wis tau ndhèrèk priyayi Landa ana Magelang. Nyata, bareng ngla-dèni, ora nguciwani. Mulané ingkang Wedana nganti ndhrin-dhil olèhé ngalem. Saya bareng bapakmu ngaturaké kaanané kabèh!”

“Sok ngatena Bapak mamèraken, Pak?”

“Ora kok jeneng mamèraké. Mung rèhné ndangu pirang-pirang, atur wangsulanku apa anané.”

“Inggih, menapa-menapa kok saged, tur purun nglampahi! Hla menika larénipun kok dhateng gedhogan. Mbokmenawi badhé dados gamel.”

Radèn Ayu Asistèn Wedana lajeng jumeneng, mrikasani dhateng prenahing gedhogan. Lajeng matur dhateng ingkang raka kanthi gita:

“Kaé, kaé Pak. Si Rap élikna. Dhèwèké rak durung ngerti nèk Si Hèl kuwi jaran édan. Sida diklethak temenan mengko!”

“É, Rap, Rap!” Anggènipun undang-undang sajak kesesa.

“Nun.”

“Aja cedhak-cedhak nggedhogan, Si Hèl kuwi jaran gem-blung. Angger dicedhaki, arep mbrakot, nubruk utawa nyé-pak.” Ngendika makaten punika Radèn Bèi Asistèn Wedana sampun dumugi ngajengipun Rapingun.

“Inggih, Ndara! Tiyang sadangunipun kula wonten ngriki, dèrèng naté sumerep dipunkerok, dipun-guyang, punapa ma-lih boten naté dipuntitihi.”

“Ora mung sasuwéné kowé ana kéné baé. Malah wiwit dhèk lélangku saka Semarang, kira-kira wis setaun sepréné, durung tau takemèk. Apa manèh kalap gawéné.”

“Kados pundi kok lajeng boten kagem?”

“Sabab jaran gemblung. Yèn mung nakal baé, panegar ora wegah. Wis ana panegar telu sing taktekakaké, meksa ora sida nunggang. Bareng ana siji sing wani, tur anggoné ngetokaké saka gedhogan baé diréwangi kusir papat sing wis padha kalok kekendelané. Lagi baé dicéngklak, banjur dikipataké. Upama ora prigel, sida kepidak wetengé. Tur kuwi isih dikarung, dicekeli wong loro sisih.”

“Pancènipun éman-éman sanget, Ndara. Menika kapal saé saèstu.”

“Kowé kok ngerti nèk iki jaran apik?”

“Inggih, tiyang rumiyin bapa kula gadhah dhokar séwan, dipunkusiri piyambak.”

“Sok ngono kowé ya wis kulina menyang jaran?”

“Inggih sawetawis.”

“Nunggang ya bisa?”

“Inggih saged sawetawis. Mila yèn kepareng badhé kula cobi.”

“É, aja. Aja temenan lo Rap! Aku ora éman jarané, sing takéman kowé. Jaran kuwi pancèné mono becik temenan, nanging gemblung. Mulané para panegar ora ana sing wani nunggangi.”

“Mbok menawi para panegar wau sami ajrih dhateng pan-jenengan.”

“Ajrih kepriyé?”

“Ajrih menawi pun Hèl ngantos risak utawi pejah.”

“Bab patiné Hèl yèn pancèn mati sabab diajar, aku lila. Malah wis taktawak-tawakaké, sapa sing gelem ngingoni lan nganggo. Ning ora ana sing gelem.”

“Kula pitados bilih pun Hèl kenging dipunajari ngantos da-dos saé.”

“Sing mengkono mau ya embuh. Nanging yèn kowé sing arep ngajari, aja, temenan! Poma!!!”

Dèn Bèi Asistèn Wedana lajeng wangsul, mlebet ing da-lem, awit sampun wanci magrib. Déné Rapingun taksih nje-nger wonten ngajeng gedhogan kémawon, nggagas kados pundi supados pun Hèl kénging dipuntumpaki ngantos dados kapal saé saèstu.

Hèl punika kapal Sandel, ules bopong rajeg wesi, dedeg-ipun kawan kaki, gulunipun panggel ngukel pakis, dhadha jembar manyul, suku ngajeng melira, tracakipun mbathok mengkureb, bokongipun nangka setugel, suku wingking mu-kang gangsir ketingal kiyat. Jompong, suri lan bobatipun alus, kumrisik, mratandhani wanter watakipun. Nitik saweg powèl setunggal, umuripun saweg tiga tengah taun.

Ing batos Rapingun kedugi nyembadani. Nanging benda-ranipun boten pareng, jalaran dipunkuwatosaken mbokbilih ambebayani.

Énjingipun, sawangsulipun Rapingun saking Parakan, ngeteraken Radèn Ajeng Supartinah, Rapingun lajeng mlebet kamar panyimpenan lapak sapirantosipun sadaya. Lapak lan sanès-sanèsipun dipunwedalaken. Dèn Bèi Asistèn Wedana sumerep, takèn:

“Kok nggawa lapak, arep koenggo apa, Rap?”

“Namung badhé kula resiki kémawon, Ndara.”

“Ya, sukur, yèn mung arep koresiki baé. Taksengguh arep koenggo njajal si Hèl.”

“Boten, Ndara.”

“Kendhali très kuwi rak saka penjaluké panegar sing arep ngajari. Tiwas taktuku, jebul ora sida kanggo!”

“Pancèn inggih sampun leres, Ndara. Kinten kula punika kénging kanggé nandhingi pun Hèl. Déné ingkang pethak pu-nika kagem bénjing yèn Hèl sampun mbangun miturut.”

“Rancangané pancèn ya ngono. Lan kendhali wesi kuwi kaya ora bakal nguciwani. Nanging yèn sing nyekeli apusé ora wani.”

Ing batos Rapingun mèsem, amargi tumrap panegar ing-kang saèstu, pun Hèl punika boten sapintena. Nanging Rapi-ngun boten mangsuli punapa-punapa, terus ngresiki pirantos kémawon.

Kreta dhateng, ngréncangi Rapingun. Kreta punika sa-mangké prasasat dados kenèkipun Rapingun ing samukawis padamelan.

Kreta wicanten:

“Mas Rap, lapak niki saé nggih!”

“Mesthi mawon, wong gawéan Inggris.”

“Andak inggih! Ming lapak mawon damelan Inggris. Tiyang Jawi rak kathah sing saged damel. Tur damelan Sala niku saé.”

“Leres saé, nanging nèk ditandhing kalih niki kacèké akèh banget. Wacucalé boten mantra-mantra bisa nyandhak. Le-res rupiné memper, nanging nèk ditunggangi ketara banget bédané.”

“Lapaké boten naté kagem.”

“Embèn-embèn kula ajeng njajal.”

“Andak sampéyan wani?”

“Enggih jajal mawon.”

“Ampun ah! Hèl niku kapal édan tenan kok!”

“Nèk édané boten mung rada bandhol. Hla nggih mèmper, wong jaran tesih enom, kuwat lan genah trajang, kang boten tau diumbar lan dititihi, mesthi mawon kaku awaké. Mangka dhèk biyèné Hèl niku jaran umbaran. Mesthi boten seneng nèk dikurung mawon.”

“Sampéyan wani tenan napa, Mas Rap?”

“Cobi-cobi, nanging Hèl ajeng kula wanuhi kriyin.”

“Kepripun angsal sampéyan ajeng manuhi?”

“Gampang mawon. Angger kerep kula pakani gedhang, gula, lan kerep kula cedhaki, mesthi banjur wanuh. Diabani nganggé tembung sing alus-alus. Suwé-suwé rak gelem kula elus-elus. Niku jeneng empun wanuh temenan.”

“Andak jaran niku ngerti tembung sing alus-alus?”

“Jaran rak duwé pangrungu, panggraitané landhep. Ang-ger kerep krungu tembung manis manuara, watak sing ndu-gal mesthi ilang.”

“Gumampang sampéyan niku! Wiwit teka nganti sepriki sing sok makani kula. Kénging napa angger kula cedhaki ajeng nubruk mawon.”

“Patrap sampéyan sing dèrèng kebeneran. Wong sampé-yan niku jirihé boten jamak. Ngresiki gedhogan mawon se-king jaba. Bareng karo wedhus kendelé ora jamak. Wong we-dhus ajeng sampéyan tunggangi. Beciké jeneng sampéyan niku ngalih Kreta-wedhus mawon, ampun Kreta-jaran.”

“Yah, Mas Rap ki kok siya-siya. Ana jeneng kok diwuwuhi wedhus, jaran barang. Destun diwuwuhi Yuwana, dadi malah gagah.”

“Énggal ta niku lé nggosoki, ampun among mawon!”

“Jenèh sampéyan, ngelih jeneng wé kok Kreta-wedhus.”

Rapingun boten mangsuli, namung mèsem kémawon. Anggènipun ngresiki pirantos sampun rampung. Lajeng dipunisis.

 

B.       Devinisi novel

Novel yaiku wacan kang  klebu citra narasi lan isine nyritakake kadadeyan utawa prastawa bisa  nyata utawa fiktif  kang dilakoni paraga kanthi urutan wektu tinemtu. Titikane novel, yaiku:

1.    Dicritakaken sepisan  ora rampung, didadekake pirang-pirang bab

2.    Perwatakan digambarake kanthi princi

3.    Konflik utawa cecongkrahan ora nganti ngowahi nasibe tokoh/paraga

4.    Sawijining cecongkrahan dilakoni pirang-pirang paraga naratif/urut

 

C.      Unsur pambangun novel

Unsur ekstrinsik, yaiku: agama, ekonomi, sosial, pendidikan, lan budaya

Unsur intrinsik yaiku unsur kang ana ing saklebeting crita kang mbangun crita. Unsur kasebut yaiku :

a.    Tema    : Tema iku minangka ide pokok utawa permasalahan utama kang ndasari lakuning crita. Tema crita kang digunakake kaku, istanasentris, adat istiadat, lan mistis. Surasane g

b.    Alur     : Rerangkening cengkorongan prastawa/kedadeyan ing crita. Alur diperang ing 2 perangan. Alur maju (progresif) yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita. Dene alur mundur (flash back progresif) yaiku dumadi kang ana sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi.

c.    Penokohan       : Penokohan iku nggambarake karakter kanggo paraga utawa pelaku. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sapiturute. 

d.   Setting : Setting iku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita. Setting iku ngemot wektu, papan / panggonan, lan sosial budaya. 

e.    Amanat : Underaning, nilai-nilai kang bisa dijupuk  saka isining crita.

 

D.      SINOPSIS

Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak, nanging bisa nlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis, bab-bab kang kudu digatekake yaiku :

·       Tema               : gagasan pokok, pokok cerita

·       Latar                : papan lan wektu dumadine

·       Alur                 : lakuning crita

·       Penokohan      : paraga crita

IKLAN

  ·       Definisi, tujuan, Struktur, kaidah dan Basa   iklan Iklan iku sawijining pesen babagan barang/ jasa (produk) kang digawe dening ...