KAWRUH KAGUNAAN BASA

 

Purwakanthi  

1.      Pangertene Purwakanthi

Purwa tegese wiwitan, lan kanthi tegese gandeng.

Purwakanthi yaiku runtute swara ing ukara, wanda uga tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine.

 

2.      Jiniseng Purwakanthi

·  Purwakanthi guru swara : Purwakanthi kang swarane runtut.

Tuladha : Gliyak-gliyak tumindak, alon-alon asal kelakon.

·  Purwakanthi guru sastra : Purwakanthi kang rutut sastrane utawa tulisane.

 Tuladha : Dasare wong jejodhoan yaiku bobot, bibit, lan bebet.

·  Purwakanthi guru basa/lumaksita : Purwakanthi kang tembunge ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake.

Tuladha : Witing klapa, klapa mudha saupama. Salugune mung mardi reh raharja.

Parikan

1.      Pengertene Parikan

Parikan(pantun) yaiku tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg.

2.      Ciri-ciri/Ancasing Parikan

·  Cacahe wanda ukara sepisan, kudu pada kalian ukara kapindho.

·  Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha kalian ukara kapindho.

·  Ukara ngarep pambuka, ukara sapiturute isi(wose).

·  Bisa kedadean saka rong gatra utawa patang gatra.

·  Bisa kedadean saka patang wanda saben gatra uga wolung wanda saben sagatra.

3.      Tuldha Parikan

·  Kedadean saka rang gatra

Ngaji quran, saben dino.

Digoda setan, ora papa.

 

Mangan kupat, jangane santen.

Menawi lepat, nywun pangapunten

 

· Kedadean saka patang gatra

Saiki wes wulan pasa,

Weteng lesu krucuk-krucuk,

Saiki pancen urip rekasa,

Tapi mengko aja njaluk.

 

Wangsalan

1.      Pangertene

Wangsulan yaiku unen-unen kang saempar kaliyan cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake nanging ora kanthi cetha.

 

2.      Tuladhane

·  Jenang gula, kowe aja lali.

Tegese: Jenang gula arane glali, mula bisa dadi tembung lali.

·  Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh.

·  Jangan gori, nganti judheg anggonku ngrasakake.

Basa Rinengga

Basa rinengga inggih menika basa kang kalebu susatra rinacik mawa basa kang endah. Endahing karangan di damel sarana isi kang narik kawigaten lan nyenengake serta basa kang edi peni.

JENIS-JENIS SENI PERTUNJUKAN JAWA TENGAH

o   Kethoprak

o   Wayang kulit

o   Wayang Wong

o   Sendra Tari

o   Tari

o   Lsp

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

IKLAN

  ·       Definisi, tujuan, Struktur, kaidah dan Basa   iklan Iklan iku sawijining pesen babagan barang/ jasa (produk) kang digawe dening ...