A. Pangertene
tembang macapat Gambuh
Tembang
macapat inggih menika wujud tembang Jawa ingkang ugi dipunsebat tembang alit.
Guru
gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
1.
Guru gatra
yaiku cacahing gatra saben sapada.
2.
Guru wilangan
yaiku cacahing wanda saben sagatra.
3.
Guru lagu
yaiku tibaning swara ing pungkasaning gatra.
Guru
gatra, guru wilangan, dan guru lagu tembang macapat
1.
Gambuh 4 gatra:
12u, 6a, 8i, 12a
2.
Megatruh 5 gatra:
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
3.
Durma 7 gatra:12a,
7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
4.
Pangkur 7 gatra:
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
5.
Mijil 6 gatra: 10i,
6o, 10e, 10i, 6i, 6u
6.
Sinom 9 gatra: 8a,
8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
7.
Kinanthi 6 gatra:
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
8.
Asmarandhana 7
gatra: 8i, 8a, 8e, 8a, 8a, 8u, 8a
9.
Dandhanggula 10
gatra: 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
10.
Megatruh 5 gatra:
12u, 8i, 8u, 8i, 8o
11.
Maskumambang 4
gatra: 12i, 6a, 8i, 8a
Gambuh
iku tambuh, embuh, kambuh, jumbuh lan tembung kang awanda mbuh.
Tegese Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukane tembang iki
lelagon gandarwa (raseksa) ing jaman Mataram. Digunakake kanggo menehi ngelmu
kang kukuh bakuh (tegas/galak).
Pathokan tembang Gambuh
GAMBUH |
||
Guru wilangan |
Guru lagu |
Guru gatra |
7 |
u |
5 |
10 |
u |
|
12 |
i |
|
8 |
u |
|
8 |
o |
1.
Watak tembang Gambuh
Watake
tembang Gambuh iku grapyak, sumanak, mula cocok kanggo ngandharake bab-bab
asipat paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.
2.
Makna tembang Gambuh
Miturut
maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik dewasa
utawa pribadi kang sansaya dewasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan
batin, kluwarga lan masarakat, pribadi karo Gusti. Tembang iki menehi pitutur,
anggenah-nggenahake utawa tansah menehi pangerten. Pancen lumrahe piyayi sepuh
tansah isa njumbuhake panguripane lan seneng aweh pitutur marang anak putu,
patrap lan pangucap isa nyawiji, panguripane ayem tentrem lan ora bot sisih.
Makna sawijine sawise omah-omah kudu padha ngertine, asah asih asuh marang
sawenehe kabutuhan, tanggung jawab lan perkara ing sajroning kluwarga kang saya
abot lan maneka warna.
3.
Tuladha tembang Gambuh
3 |
5 |
5 |
5 |
5 |
3 |
56 |
|||||
sa- |
mêng- |
ko |
ing- |
sun |
tu- |
tur |
|||||
6 |
5 |
3 |
2 |
2 |
3 |
5 |
5 |
3 |
56 |
||
sêm- |
Bah |
ca- |
Tur |
su- |
pa- |
ya |
lu- |
mun- |
tur |
||
3 |
2 |
6 |
12 |
2 |
2 |
2 |
2 |
3 |
1 |
6 |
1 |
dhi- |
Ngin |
ra- |
ga |
cip- |
ta |
ji- |
wa |
ra- |
sa |
ka- |
ki |
1 |
2 |
2 |
2 |
3 |
1 |
2 |
3 |
||||
Ing |
ko- |
no |
la- |
mun |
kê- |
tê- |
mu |
||||
3 |
5 |
6 |
5 |
3 |
23 |
1 |
2 |
||||
tan- |
Dha |
nu- |
gra- |
ha- |
ning |
Ma- |
non |
4.
Teknik penulisan tembang Gambuh
a. Temtokna lan tulisen ngenani gagasan apa sing arep kogawe tembang, saengga
bisa mangerteni wewatakane.
b.
Temtokno tembang apa
sing arep kogawe.
c.
Tulisen guru gatra,
guru wilangan, lan guru lagune.
d.
Gawea ukara-ukara
(kalimat ) kang selaras karo paugerane
tembang macapat.
e.
Titinen maneh
tembung-tembunge, lan ukara-ukara kang kogawe mau kudu cocok karo paugerane
tembang sing kokgawe
Tidak ada komentar:
Posting Komentar