Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi

 

PENGERTIAN

a.       Serat Wedhatama pupuh kinanthi

Serat wedhatama yaiku salah sawijining seratan kanjeng Gusti pangeran Adipati Arya Sri Mangkunegara  Iv, serat wedhatama ngandut piwulang luhur kanggo mbangun budi pekerti.

Serat wedhatama nduweni isi piwulang babagan budi pekerti utawa tumindak.

b.      Jenis Serat Wedhatama

Jenis serat wedhatama ana 11 yaiku: maskumambang, mijil, sinom, asmarandana, kinanthi, gambuh, durma, dhandhanggula,megatruh, pangkur, pucung.

c.       Unsur Serat Wedhatama yaiku:

a)      Tema     : pokok persoalan sing diomongna.

b)      Isi          : isine tembang

c)      Amanat : pesen sing disampekna pengarang marang pamaos.

d)     Paugeran ( Patokan/ aturan ) :

-          Guru gatra              : cacahing baris saben sa pupuh.

-          Guru lagu                : tibaning swara ing pungkasaning gatra

-          Guru wilangan        : cacahing wanda/ suku kata saben sa baris.

d.      Watak Pupuh Kinanthi

-          Wateke seneng, tresna asih, bungah.

Lumrahe kanggo aweh pitutur ingkang sae lan ngungkapna rasa tresna.

Tembung kinanthi saka tembung kanthi (diarahna/ nuntun, nggandeng, mbimbing)

Dadi menungsa sing sejati, njagi bumi pertiwi.

-          Serat wedhatama Pupuh Kinanthi  nggandung ajaran ngenani:

a)      Peka raosipun lan saged nyingkirna hawa nepsu dados manungsa berbudi luhur,

b)      Supados ngati-ati, mawas diri, aja ragu-ragu nggolet kearifan.

c)      Ngilangi iri dengki, nganggu won glia lan nyegah hawa nepsu.

 

Tuladha Pupuh Kinanthi:

 

 Padha gulangen ing kalbu

Ing sasmita amrih lantip

Aja pijer mangan nendra

Kaprawiran den kaesthi

Pasunen sariranira

Sudanen dhahar lan guling

 

Artine: kalian biasakanlah mengasah kalbu

              Agar pikiranmu tajam menangkap isyarat

              Jangan hanya selalu makan dan tidur

              Jangkaulah sikap kepahlawanan

             Latihlah dirimu

             Dengan mengurangi makan dan minum

Unsur Serat wedhatama pupuh kinanthi ing nduwur yaiku:

-          Tema           : karakter Pribadi/ pendidikan moral.

-          Isi                   : supados gadah budi pekerti ingkang luhur.

-          Amanat         : supados duwe ati/ sifat ingkang sae, dados saged mangerti apik alane sikap menungsa.

-          Paugeran       : guru gatra        : ana 6

                       Guru lagu       : u,I,a,I,a,i

                       Guru wilangan   : 8,8,8,8,8,8

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

IKLAN

  ·       Definisi, tujuan, Struktur, kaidah dan Basa   iklan Iklan iku sawijining pesen babagan barang/ jasa (produk) kang digawe dening ...