Gamelan
minangka saperangan instrumen/piranti kang kamot ing seni karawitan. Karawitan
kawitan saka tembung rawit kang ateges tliti, alus, luwes, endah. Para pujangga
kang ngrakit gamelan ora mung sakepenake anggone gawe nanging duwe karep kang
luhur. Para leluhur ngrakit gamelan supaya kepenak dirasakake mula kanthi
nggatekake laras. Imbanging laras ing gamelan nuduhake bisa ngatur imbanging
rasa lan tumindak kang laras lan runtut. Bisa njaga cipta, rasa, karsa, lan
tumindak. Sakabehing karep kasebut bisa ditonton saka tetabuhan gamelan.
Tuladhane nalika tetabuhan sanajan piranti kang ditabuh iku beda-beda nanging
anggone nabuh ora sakepenake dhewe, manut kang ngatur irama, swasana gendhing,
sarta nulad, lan nggatekake piranti gamelan liyane. Iku nuduhake lamun gamelan
nalika ditabuh ora suk-esukan, dhisik-dhisikan lan pengin menang dhewe. Kanthi
mengkono nulad saka tetabuhan gamelan bisa minangka dhasar mujudake karakter
bangsa
Piranti Gamelan
Jawa
1.Kendhang:
Jenis Kendhang ana 3 yaiku gedhe jenenge
kendang, menengan arane ciblon, cilik arane ketipung.
2. Demung, Saron, Peking
Alat iki minurut ukuran dan fungsinya, ana 3 jenis saron:-
demung (Paling besar),- saron (Sedang) dan,- peking(Paling kecil).
3. Gong
4.
Bonang
Bonang dibagi dadi 2 jenis, yaitu
bonang barung dan bonang panerus..
5. Slenthem
6. Kethuk dan Kenong
7. Gender
8.
Gambang
1. Rebab
Gamelan
Jawa nduwe aturan-aturan sing
wis pakem antarane kata sakapirang-pirang rambahan lan pathet utawa jero cetheking swara,
uga ana aturan sampak utawa cepet-rendhete laku sing wispakem,
uga ana bates abates angongan lan melodine wis di atur ing bageyan-bageyan sing
saben-saben ketata 4 gatra. Pandangan urip Jawa kang digambarake sajrone musik
gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani lan rohan.i
Tidak ada komentar:
Posting Komentar