TEKS SESORAH B

 

A.  Nulis sesorah

Pituduh guru

Para siswa didhawuhi nggateke panuntun nulis teks sesorah, nuli didhawuhi nulis teks sesorah.

 

Pemut

1.      Perangane sesorah

a.       Salam pambuka, yaiku ngaturake salam sing sepisan. Lumrahe nggunakake         tembung Assalamu’alaikumWr.Wb liyane kuei nggunaake tembung kula nuwun.

b.      Purwaka, yaiku atur panueun dhumateng para tamu lan ngaturae atur             syukur marang Gusti kang maha Agung.

c.       si, yaiku kabeh perkara kang diwedharake. Isi kudu diwedharake kanthi cetha.

d.      Wigati/dudutan/kesimpulane, yaiku inti saka isi kang wis diwedharake.

e.       Pangajeng-ajeng/pangarep-arep, yaiku pituduh-pituduh lan pangarep-arep sing diwedharake marang wong kang ngrungokake.

f.       Wusana, yaiku atur panuwun lan nyuwun ngapura, Manawa ana kekurangane, ana kaluputan.

g.      Salam panutup, yaiku ngaturake salam kanggo mungkasi sesorah. Manawa agama islam lumrahe Wassalmu’alaikum Wr.Wb. sakliyane iku matur nuwun.

 

2.      Nulis sesorah mono kudu nggatekake bab-bab antarane kaya ing ngisor iki

a.       Isine bisa nalar, nyata lan bener.

b.      Basa kang digunakake kudu trep karo unggah-ungguh, nggnggo ejaan kang bener lan paramasastrane kudu bener.

c.       Perangane sesorah kudu jangkep kaya sing wis digawe ing cengkorongan.

d.      Ukarane prasaja, ringkes lan mentes, ora rowa lan ngambrah-ambrah.

e.       Anggone medharake bisa runtut lan gamblang.

f.       Menawa wis dadi, naskah sesorah iku dibesut luwih dhisik, supaya menawa ana sing luput bisa dibenerake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

IKLAN

  ·       Definisi, tujuan, Struktur, kaidah dan Basa   iklan Iklan iku sawijining pesen babagan barang/ jasa (produk) kang digawe dening ...