Titi wacana, titi ukara, titi tembung, titi swara.

 

Mangerteni Panulise Aksara Jawa

A.    Aksara Swara

Aksara swara iku aksara sing nglambangake huruf vocal bebas . Ing basa jawa aksara swara iku ana 5 yaiku : a, i, e, u, o. wondene wujude aksara swara yaiku :

 

A  A     I  I  U   U  E  E  O  O

B.Titi wacana, titi ukara, titi tembung, titi swara.

·         Titi wacana

Titi wacana yaiku peranganing ngelmu basa kang ngrembug bab makna, surasa, teges. Kang karembug ing titi wacana yaiku sinonim, antonym, homonym, homofon, homograf, hiponim

1.      Sinonim (tembung nunggal misah)

Jeneng : aran, asma, tetetnger

Omah; griya, dalem, sudhun

2.      Antonym ( tembung kosok balen)

Gedhe- cilik, adhoh-cedhak, lanang-wadon, dhuwur- cendhek

3.      Homonym (pada tulisan lan pocapane)

Ngukur = kukur- kukur

Sudhuke = lara weteng / kon nyudhuk

4.      Homofon ( padha pocapane beda tulisane)

Kulup tegese anak… kulup tegese gudhangan

5.      Hiponim ( tembung umum khusus)

Werna (umum)…. Abang, kuning, ijo, ireng,(khususu)

6.      Homograf ( padha tulisan beda pangucap)

Cemeng tegese ireng …cemeng tegese anak kucing

Lemper tegese panganan… lemper tegese piranti kanggo ngulek

·         Titi ukara

Peranganing parama sastra kang ngrembug bab ukara.

1.      Ukara tanduk yaiku ukara aktip kang wasesane tembung kriya tanduk. Tuladha :

 Aku nulis aksara jawa ; Adhiku gawe layangan

2.      Ukara tanggap yaiku ukara kang wasesane tembung kriya tanggap entuk ater – ater di, ka utowo seselan in.

Tuladha : layang iki ditulis nalika bapak isih sugeng

3.      Ukara camboran yaiku ukara kang dumadi saka rong klausa utawa luwih, nanging wasesane wong siji

Tuladha : adiku juara 1 jalaran sreget sinau; senadyan pagaweane abot, nangin aku ora ngresula

4.      Ukara pakon ( ukara perintah ) ukara kang surasane ngongkon marang wong liyo supaya nindakake pakaryan

Tuladha : tutupen lawang kuwi ! ayo podo sregep sinau !

5.      Ukara pitakon ( ukara takon ) yaiku ukara kang surasane awujud pitakonan

Tuladha : mbak, asmamu sapa ?

 

·         Titi tembung

1.      Tembung lingga yaiku ngelmu bab tembung, Manut wujude tembung ing basa jawa iku kaperang tembung lingga, tembung andhahan, tembung rangkep, tembung camboran, lan sapiturute.

Tuladha :

-          Tembung lingga                                     :    pacul, meja, buku, kursi, lsp

-          Tembung andhahan                               :    tutupan, bakulan, dipaculi, lsp

-          Tembung rangkep                                 :    bola-bali, wira-wiri, ada-ada lsp

-          Tembung camboran :                            rondha royal, semar mendhem, lsp

2.      Tembung andhahan

3.      Tembung rangkep

4.      Tembung camboran

·         Titi swara

Titi swara yaiku ngelmu bab swara utawa uni

Wedi - wedhi    putu – puthu     pada -- padha

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

IKLAN

  ·       Definisi, tujuan, Struktur, kaidah dan Basa   iklan Iklan iku sawijining pesen babagan barang/ jasa (produk) kang digawe dening ...