GEGURITAN
Puisi Jawa sing
biasa diarani geguritan kaperang dadi loro yaiku :
1. Puisi Jawa Tradisional, sing umume arupa tembang.
Puisi iki ditembangake miturut lagu-lagu khusus, nganggo piranti gamelan
utawa tanpa gamelan. Puisi Jawa Tradisional ora bisa dipisahake kalawan
tembang.
Puisi tradhisional kang awujud tembang jawa akeh banget jinisi lan kaperang
dadi telung perangan gedhe :
a)
Puisi tembang macapat (puisi tembang cilik)
Sing kalebu ana tembang macapat yaiku Kinanthi, Pocung, Asmaradana, Mijil,
Maskumambang, Pangkur, Durma, Sinom, lan Dandhanggula.
b) Puisi tembang
tengahan (tembang dhagelan)
Sing kalebu ana tembang tengahan yaiku : Megatruh (Dudukwuluh), Gambuh,
Wirangrong, Balabak, lan Juru Demung.
c) Puisi tembang
gedhe (kawi)
Sing kalebu tembang
gedhe yaiku Girisa
2. Puisi Jawa Modern diarani geguritan.
Gandheng geguritan kuwi kalebu puisi jawa sing isih anyar (antarane
tahun 1926) jinising puisi iki durung bisa katampa bebrayan ana ing masyarakat,
rikala semono. Luwih-luwih golongan kasepuhan. Mula saka kuwi geguritan iki
nalika semana ora dilebokake ana sajroning pasinaonan sastra Jawa ing sekolah.
Geguritan kaping pisanan ana ing kalawarti lan ariwarti Kejawen (pisanan
thukul tahun 1926 ing Jakarta), Panjebar Semangat (thukul
pisanan September 1933 ing Surabaya), Jaya Baya (September
1945 ing Kediri), Panji Pustaka (1923 ing Jakarta, lan wiwit
tahun 1943 nduweni lembaran khusus basa Jawa),Api Merdeka (1945 ing
Yogyakarta) lan sapanunggalane.
Paraperintis geguritan iki padha berjuang amrih geguritan iki diakoni lan bisa
mlebu ana pasinaonan kasusastran Jawa. Asile, Subagiyo Ilham Notodijoyo nyoba
ngumpulake geguritan sing sumebar ana kalawarti lan ariwarti dadi buku kang
judhule Rerumpakan (nyanyian). Ananging, naskah iki ana
sajroning revolusi ilang. Semana uga kumpulan geguritane dhewe kang mawa
irah-irahan Geguritanuga ilang.
Para perintis geguritan liyane, yaiku :R. Intoyo, Nirmala, Niniek I. N,
Khairul Anam, Joko Mulyadi, R. Sumanto Ampel, Purwadhi, lsp.
Saliyane geguritan ana puisi jawa liyane kang arupa parikan lan singir.
Parikan kuwi puisi jawa kang memper lan duwe ciri-ciri kaya pantun. Dene
singir utawa syair (bahasa Indonesia) ya nduweni ciri-ciri padha karo syair ana
sajroning kasusastraan Indonesia.
Mula bukane ananing geguritan iki dianggo nyindir / nyemoni kahanan urip
bebrayan ana sajroning masyarakat. Saliya kuwi uga ndhuweni unsur ndidik
/ mulang wuruk bab-bab tertemtu. Ananging suwene-suwe geguritan iki nduweni
teges puisi bebas. Bebas saka iketaning tembang lan bebas nyritakake apa wae.
B. Unsur-Unsur Batin
Geguritan
Unsur-unsur kang
kinandhut ana sajroning geguritan diarani unsur batin. Ing ngisor
iki bab-bab kang kalebu unsur batin geguritan.
·
Tema, tegese
punjeraning bab kang ndadekake geguritan kuwi dumadi. Utawa gagasan pokok kang
dikarepake panulis/penyair.
Tuladha tema: sosial,
moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.
·
Rasa-Pangrasa
Tembung-tembung kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni teges lan
nduweni fungsi kanggo manjilmakake rasa-pangrasa. Rasa-pangrasa kuwi nduwe
sipat rowa lan kompleks. Sing kalebu rasa-pangrasa kayadene: simpati, empati,
antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.
·
Nada/lagu
Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan.
Tuladha: ngguroni, nuturi, ngenyek, muji, nyemoni, utawa patrap liyane.
·
Suasana
Tegese kahanane batin/jiwa pamaos sawise maca geguritan. Dadi, geguritan
nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin pamaos geguritan.
·
Amanat kang dumunung
ana geguritan
Tegese bab kang pengen diwedharake penyair/panulis marang pamaos. Amanat
kuwi ora tinulis kanthi terang trawaca ananging sinandhi ana pangrakiting
tembung-tembung.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar