Rabu, 26 Agustus 2020

TEKS SESORAH

 

Sesorah / Pidhato

Gusti kang Maha Kuwasa maringi kita akal  budi lan lesan minangka alat ucap satemah mujudake manungsa minangka titah kang sampurna. Awit saka iku, awake dhewe kudu sokur marang Gusti kang Murbeng Dumadi lan nampah kabeh paringane kanthi suka lan narima. Dene wujude rasa panarima marang sakabehing paring Gusti kang Murbeng Dumadi, awake dhewe kudu bisa nindakake laku becik ing pasrawungan, migunakake lesan kanthi becik, lan bisa ngecakake basa kanthi unggah-ungguh kang trep.

Sesorah utawa pidhato iku ancase ngandharake gagasan kanthi lesan ing sangarepe wong akeh, kanthi ancas utawa tujuan tinamtu. Ancase pidhato iku werna-werna, kayata menehi panglipur, menehi kawruh, apa dene ajak-ajak. Mula, kanthi nyinau sesorah, kita bisa sinau babagan ngandharake panemu utawa gagasan ing sangarepe wong akaeh kanthi maneka warna tujuan, kita uga bisa sinau kawruh tembung, unggah-ungguh, lan nggladhi rasa percaya dhiri.   

Carane sesorah iku ana patang werna yaiku :

Ø Kanthi maca sakwutuhe

Yaiku kanthi maca apa anane sesorah kang tinulis, cara iki lumrahe ditindakake dening punggawa Negara. Kejaba isine kudu bias disengganan, layange prelu disimpen (diarsipkan). Cara iku kudu uga sook ditindakake wong kang nyulihi wong liya. Marga kepalang pakaryan kang ora bias ditingggal, wong kajibah banjur nimbali wong liya. Ewa semana, underaning gagasan dititipake lumantar sesorah kang tinulis.Wong kajibah nyulihi mung saderma macakake sesorah iku.Mula yen ana apa-apane, kang kenea ing sesanggane 9tanggung jawab) iku sing nulis.

Ø Kanthi maca apalan

Yaiku nglantarake sesorah kanthi ngapalake laying sesorah kang tinulis.

Sesorah iki lumrahe katindhakake dening pawongan kang durung kulina, luwih-luwih kang isih gladhen. Awit isining laying sesorah ora kena ecer, mula wong sing nglantarake kudu bias ngenerake pikirane marang isining sesorah lan ora kena lalen

Ø Kanthi pandom lajer

Yaiku nglantarake sesorah kanthi pandom lajering kang prelu diwedharake. Lajering gagasan cukup ditulis jroning sacuwilan kertas kaya dene “kretu nama”. Cara iki adate katindhakake dening wong kang wis kulina lan jembar kawruhe.

Ø Kanthi cara dadakan

Adate sesorah iki katindhakake wong kang kasraya kanthi dadakan ing sawijining acara. Amrih cetha tumrape wong kang ngrungokake, yen nglantarake sesorah kudu ggatekake pocapan (lafal), lagune, sora-alone,lan pamedhote ukarane.

 

A.    Nganalisis Teks Sesorah

1.      Maca Batin

Pepeling.

Sesorah utawa pidhato iku sawijining kaprigelan micara.

Sesorah yaiku ngomong ana ing sangarepe wong akeh. Gamblange wedharing pangandikan nduweni tujuan kang gumathok. Sing diarani wong akeh iku ora ana watese. Udakara luwih saka wong sepuluh. Tujuan/ancase pidhato/sesorah yaiku :

1.      Kanggo maringi pangertosan/informasi marang wong liya sing ngrungokake pidhato/sesorah

2.      Kanggo maringi panglipur/hiburan marang wong liya sing ngrungokake sesorah

 

Tuladha Sesorah

Assalammu’alaikum Wr. Wb. 

Para bapak, para ibu guru ingkang dahat kinurmatan lan rencang-rencang ingkang kawula tresnani. Langkung rumiyin sumangga sesarengan ngujukaken puji syukur wonten ngarsanipun gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun paring rahmat lan hidayah, saengga kita saged makempal ing mriki. Ing dinten punika kawula badhe ngaturaken sesorah babagan “Njagi Lingkungan Sekolah”.

Rencang-rencang, mengertosa menawi lingkungan punika papan gesang kagem sedaya titah gesang. Mila saking punika, kita kedhah njagi lestari lingkungan kita supados kita saged gesang kanthi tentrem. Salah satunggalipun cara njagi lestari lingkungan inggih punika karesikan, njagi karesikan lingkungan saged diwiwiti saking perkawis-perkawis ingkang alit.Ananging katinggal awrat sanget dipun lampahi. Umpaminipun mbucal runtah ing panggenanipun. Sak punika kesadaran kagem njagi karesikan ing lingkungan kita minangka murid taksih kirang sanget. Kados dene bibar piwucalan PRAKTEK/Produktif siswa kedah njagi karesikan, alat-alat praktek dipuntata kados saderenge tuladhanipun lare praktek jurusan Teknik Sepeda Motor, piwucalanipun ngagem wearpack supados seragam kangge praktek lan pelajaran saged dipunbentenaken kersanipun siswa-siswi tetep paling boten njagi karesikan saking seragamipun amargi praktek punika sejatosipun kathah sanget alat-alat ingkang damel seragam siswa punika saged dados reget saengga siswa kraos boten kepenak anggone nglajengaken piwucalan sanesipun. Siswa-siswi ingkang praktek punika kedah disiplin saengga pendidikan karakter siswa-siswi ingkang dipunpikajengaken. wonten ing piwucalan praktek punika siswa-siswa saged njagi kedhisiplinan saha karesikan lingkungan mliginipun dipunwiwiti saking pribadhinipun piyambak-piyambak. Siswa-siswi kedah manut kaliyan aturan-aturan ingkang sampun mlampah wonten ing sekolahan punika amargi menawi lingkunganipun resik siswa- siswi anggenipun praktek ugi saged mlampah kanthi sae. Kanthi njagi karesikan lingkungan punika siswa-siswi saged tinebihaken saking penyakit-penyakit.

Mekaten sesorah ingkang saged kawula haturaken. Nyuwun pangapunten menawi wonten klenta-klentu nipun atur kawula. Saking kawigatosanipun kawula ngaturaken matur sembah nuwun. 

Wassalammu’alaikum Wr. Wb. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

IKLAN

  ·       Definisi, tujuan, Struktur, kaidah dan Basa   iklan Iklan iku sawijining pesen babagan barang/ jasa (produk) kang digawe dening ...