Rabu, 17 Februari 2021

Cerita Rakyat Rawa Pening

 

Rawa Pening

Desa Banarawa lagi nganakake pesta desa. Wong-wong ing desa padha masak kanggo nyiyapake pesta. Kabeh padha njupuk bagian, ora ana kang keri. Wong-wong padha nyiyapake ubarampe pesta kang minangka wujud rasa syukur marang Gusti kang Akarya Jagad. Ing tengah-tengahing padha nyambut karya mau, ana bocah kang ala rupane, pesing lan amis gandane.

Mangerti kahanan kang kaya mangkono, wong-wong padha ora seneng, amarga manut kapitayane masyarakat, bocah ala iki bakal nekakake memala, ora oleh berkah anggone pesta. Kagawa rasa ora seneng mau, mula bocah ala rupane ditundhung kanthi kasar. Bocah mau bisane mung nangis, karo mlaku sempoyongan amarga wis pirang-pirang dina ora mangan, bocah ala rupa mau lunga lan ngadoh saka wong-wong mau. Kanthi ati kang lara lan nabet jroning ati amarga tansah digawe kasar lan diina, bocah kang ala rupane mau mlaku menyang kampung tanpa arah lan jluntrunge. Anggone mlaku ora krasa tekan papan panggonan arupa gubugan kang sepi kahanane lan adoh saka masyarakat. Gubug mau mung dienggoni wong tuwa wedok kang wis dadi randha.

Ing gubug mau bocah kang elek rupane dirumat (dipelihara) dening Mbok Randha. Dheweke diwenehi pangan  kanthi lawuh apa anane. Sawise mangan, bocah ala mau crita marang simbah randha yen dheweke iku Baru Klinthing utawa Jaka Bandhung utawa Jaka Pening. Simbah mau tresna banget marang Baru Klinthing, malah urip bebarengan sawetara dina. Bareng wis rumangsa wis rumangsa cukup dibantu dening simbah, Baru Klinting nerusake mlaku lan marani wong-wong kampung kang wis nglarakake atine. Sadurunge lunga , Baru Klinthing weling marang simbah yen mengko ana prastawa gedhe simbah supaya numpak lesung. Ing batin, simbah bingung karo welinge Baru Klinthing mau, nanging simbah tetep urmat lan ngeling- eling piweling kasebut.

Lakune Baru Klinthing linambaran ati kang goreh lan nggawa sada lanang. Lakune wis tekan kampung kang dituju. Wong-wong padha ngusir marang Baru Klinthing. Nanging Baru Klinthing ora gelem lunga, malah nantang marang wong-wong kampung lan ngetokake sada lanang. Sada lanang kasebut banjur  ditancepake ing lemah. Wong-wong dikandani supaya njabut sada mau, yen bisa njabut sada mau arep diwenehi bebana dening Baru Klinthing. Krungu tembunge Baru klinthing kang kaya mengkana, Wong-wong pada nyoba njabut sada mau. Saka sing awake cilik   tekan wong sing awake gedhe ora ana kang bisa njabut. Pungkasaning, sada mau saged dinjabut kaliyan Baru Klinthing lan muncrat banyu.

Muncrate banyu sansaya gedhe. Wong-wong padha bingung lan padha golek papan panggonan kang luwih dhuwur. Omah, kewan, wit-witan, raja brana, lan wong-wong mau ora ana tilase, kabeh wong pada sirna amarga piwalese saka tumindhake dewe. Kampung kang mirip rawa mau, diarani Rawa Pening.

Rawa pening saiki panggonan plancongan ing Kabupaten Semarang, Jawa Tengah. Rawa iku ambane kurang luwih 2.670 hektar lan mapan ana ing Kecamatan Ambarawa, Bawen, Tungtang, lan Banyu Biru. Rawa iki mapan ana ing ereng-ereng gunung Merbabu, Temoloyo, lan Ungaran.

Sumber:http://krisjayadi.blogspot.co.id/2015/01/legenda-rawa-pening-dalam-bahasa-jawa.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

IKLAN

  ·       Definisi, tujuan, Struktur, kaidah dan Basa   iklan Iklan iku sawijining pesen babagan barang/ jasa (produk) kang digawe dening ...